Nyuwun kawigatosanipun bilih acara pakempalan wonten ing dalu punika badhe kawiwitan. Matur nuwun. Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
keparengna kula matur wonten ing ngarsanipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang dahat binektenan, para Bapak anggota pakempalan warga RT6 RW Sean Dukuh Bala Kidul ingkang winengku ing pakormatan murwakani atur sumangga tansah kula dherekaken ngunjukaken raos puji syukur wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa taala ingkang sampun paring kanugrahan awujud punapa kemawon. Satemah ing wanci dalu punika kula lan panjenengan sedaya saged manunggal wonten ing dalemipun Bapak Sahid Raharjo. Saperlu parepatan utawi pakempalan rutin kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal punapa.
Salam saha selawat mugi tansah kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad sallallahu alaihi wasallam ingkang panjenengan kula anti-anti syafaatipun benjing wonten ing yaumul kiamah. Para Bapak ingkang kula hormati. Keparengna kula ngaturaken urut-urutaning lampah tata cara pakempalan RT ing dalu punika.
Acara ingkang angka setunggal inggih punika pambuka. Acara ingkang angka kalih atur pambagihar acara ingkang angka 3 palaporan kha saking bendahara. Acara ingkang angka sewan parepatan saha sarasihan acara ingkang angka gangsal inggih punika panutup.
Para bapak ingkang kula hormati. ngingeti wedal sampun dalu. Pramila sumangga kula derekaken mbikak acara pakempalan RT ing dalu punika kanthi waosan basmalah sesarengan.
[Musik] Bismillahirrahmanirrahim. Para Bapak ingkang kula hormati. Acara ingkang angka kalih inggih punika atur pambagiharjo dhumateng Bapak Sahid Raharjao wekdal kula aturaken.
Sumangga para bapak ingkang kula hormati. Dedaharan saha unjukan sampun kasugata wonten ing ngarsa panjenengan sedaya saking Bapak Sahid Rharjao panjenengan sedaya kasuwun hangrahap sumangga dipun wiwiti kanthi waosan basmalah. Bismillahirrahmanirrahim.
[Musik] Para Bapak ingkang kula hormati. Acara ingkang angka 3 inggih punika palapuran khas saking bendahara dhumateng Bapak Widada Sumarta wekdal kula aturaken. Sumangga para bapak ingkang kula hormati.
Acara ingkang angka sewan nggih punika parepatan saha sarasehan ingkang badhe dipun pimpin dening Ketua RT6 dhumateng Bapak Kardimin wekdal kula aturaken. Sumangga para bapak ingkang kula hormati. Sakderengipun acara pakempalan ing dalu punika dipun tutup ngaturi uninga bilih pakempalan ingkang wulan ngajeng manggen wonten dalemipun Bapak Ahsan Iliyas.
Para bapak ingkang kula hormati. Acara ingkang kaping pungkasan inggih punika panutup. Sumangga pakempalan RT ing dalu punika dipun tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan.
Alhamdulillahiabbil alamin. Cekap semanten atur saking kula hambok bilih wonten atur kula ingkang kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan sedaya. mawantu-wantu kula nyuwun diunging Sihudra Pangsama.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.